WIGATINIPUN PENANGKARAN SATWA LANGKA

Admin | Selasa, 24 November 2015 19:04

Solo, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Kementrian Lingkungan Hidup dan Kehutanan Republik Indonesia, njurung masyarakat kangge ngrembakakaken penangkaran sato ingkang dipun ayomi undhang-undhang. Bab kasebat jalaran penangkaran saged kangge mbiyantu ngrembakakaken sato langka supados boten punah.

Pamarentah ngangkah, taun ngajeng Indonesia saged ekspor sato asli Indonesia asiling penangkaran, salah satunggalipun Jalak Bali. Bab kasebat jalaran samangke kangge ngurus ijin penangkaran sato ingkang dipun ayomi undhang undhang sampun langkung gampil. Bab punika kados ingkang dipun andharaken deningDirektur Konservasi Keanekaragaman Hayati, Direktorat Jendral Perlindungan Hutan Konservasi Alam, Kementerian Lingkungan Hidup dan Kehutanan RI, Bambang Dahono Aji nalika ngepyakaken wiwitipun Festival Satwa Hasil Penangkaran ing Taman Balekambang, Solo.

Sabotenipun samangke ing Jawa Tengah sampun wonten 111 penangkaran peksi ingkang sampun ndaptar. 88 ing antawisipun inggih penangkaran Jalak Bali. Menawi penangkaran kasebat kasil, penangkar peksi saged nyade turunan ingkang kaping tiga utawi F-3 kathahipun sangangdasa persen. Dene sedasa persen sanesipun kedah dipun wangsulaken dhateng alam.

Kanthi makaten, kejawi njagi lestarining sumber daya alam, penangkaran satwa saged ndhatengaken devisa negara lan ngangkat perekonomian masyarakat Indonesia. ( Heru Kristyanto )

Artikel Terkait

PANTUN ENGGAL VARIETAS DiAH SUCI

24 November 2015 19:02

JAGA WARGA

24 November 2015 19:00