PANTUN ENGGAL VARIETAS DiAH SUCI

Admin | Selasa, 24 November 2015 19:02

Klaten, Jawa Tengah, www.jogjatv.tv Lampahing ProgramAgro Techno Park, ATP, saking Badan Tenaga Nuklir Nasional, Batan RI, sepisanan ing Desa Sentono Kecamatan Karangdowo Klaten, kasil ngrembakakaken pantun jinis enggal varietas Diah Suci. Saking pasabinan 30 kothak utawi gangsal hektar, asil produksi saged ngantos 9,72 ton ing saben hektaripun.

Ketua Pusat Diseminasi Kemitraan Batan, Ruslan, nalika sarasehan Program Techno Park ing Desa Sentono, Kecamatan Karangdowo, Klaten Jawa Tengah, mratelakaken, panyobi kapisan Program Agro Tecnho Park sampun kasembadan. Ing mangkenipun badhe dipun evaluasi lan dipun pilih jinis varietas pantun ingkang saestu unggul kangge ngangkat karaharjan petani. Saking sedasa varietas ingkang dipun uji, ingkang unggul inggih punika pantun varietas Diah Suci, ingkang saged ngasilaken gabah ngantos 9,72 ton ing saben hektaripun. Angka kalih varietasWoyla kanthi produkstivitas 9,44 ton ing saben hektar, lan angka tiga varietas Inpari Sigenuk kanthi produktivitas 9,22 ton ing saben hektaripun. Dene varietas sanesipun produktivitas sangandhaping 7 ton saben hektar. Kaajab kanthi asil produktivitas saking sawetawis varietas pantun ingkang dipun tanem ing Desa Sentono Karangdowo punika, para petani ing wewengkon Klaten sanesipun, purun nyobi nanem maneka jinis varietas pantun ingkang sampun dipun uji dening Batan wau.

Salah satunggaling petani, Suyadi mratelakaken, saderengipun produktivitas pantun ingkang dipun tanem dening para petani namung antawis 6,5 ton ing saben hektaripun. Nanging sasampunipun nanem varietas pantun saking Program Tecnho Park Batan punika, para petani saged nampi bebathen awit produktivitas mindhak. ( Sri Haryadi )

Artikel Terkait

JAGA WARGA

24 November 2015 19:00

Pengukuran Lahan Bandara

24 November 2015 18:57