KPU Sosialisasi Pilakada Dhateng Lapas

Admin | Kamis, 03 Desember 2015 18:56

Klaten, www.jogjatv.tv Kangge ngindakaken partisipasi pemilih, Pemilu Kepala Daerah, tanggal 9 Desember 2015 benjing, dinten Kemis (3/12) enjing KPU Kabupaten Klaten nindakaken sosialisasi pilkada dhateng lembaga pemasyarakatan kelas dua B, Klaten sarta dhateng sawetawis rumah sakit.

Saking 299 narapidana ing lembaga pemasyarakatan, kelas II B Klaten, 163 ing antawsipun mlebet daftar pemilih tetap. Warga binaan lapas kelas katingal tumemen tumut sosialisasi tahapan pilkada,. Salah satunggaling warga binaan, Kristiawan, ngajab, bupati lan wakil bupati ingkang kapilih sageda migatosaken kawula alit, mliginipun ing babagan ekonomi, awit ngantos samangke perkawis ekonomi ingkang njalari kadurjanan.

Miturut Divisi Pemungutan Suara, Joko Hadi Siswanto, sosialisasi pilkada kaajab ngindakaken partisipasi pemilih mliginipun ing lapas, dene lapas Klaten kalebet ing TPS 6.

( Purwanto )

Artikel Terkait

Piodalan Pura Widya Darma

03 Desember 2015 18:54

Prospek Ternak Kalkun

03 Desember 2015 18:53

Syiar Agama Lumantar Seni Tradisi

03 Desember 2015 18:52