Perajin Industri Pasir Semen Kangelan Pados Bahan Baku

Admin | Kamis, 03 Desember 2015 18:55

Sleman, www.jogjatv.tv Penjabat Bupati Sleman, Gatot Saptadi, ngepyakaken teleng industri pasir lan semen ing Padukuhan Bantulan, Desa Sidoarum, Kecamatan Godean Sleman, dinten Rebo (2/12). Miturut Ketua Kelompok Perajin Pasir Semen Sumber Rejeki Padukuhan Bantulan, Gunawan Dwi Raharjo, 63 warga ing wewengkon kasebat sampun puluhan taun nekuni pakaryan minangka perajin pasir semen. Wonten 60 jinis kerajinan ingkang dipun damel dening perajin, antawisipun bis beton, batako, angin-angin, roster lan maneka lis profil bangunan. Ngantos samangke para perajin boten kangelan nyade kerajinan wohing pakaryanipun sinaosa makaten para perajin kangelan pados pasir ingkang mutunipun sae. Saking panyemakipun para perajin, pasir pereng Redi Merapi tlatah Sleman racakipun dipun lelang dhateng pengusaha saking sajawining wewengkon satemah pasir ingkang dipun pasok dhateng para perajin pasir semen ing Godean, Sleman mutunipun awon. Awit saking punika para perajin pasir semen Padhukuhan Bantulan ngajab supados Pemkab Sleman tumuli ngudari perkawis kasebat amrih mutu industri bahan bangunan pasir semen para perajin ing tlatah kasebat ugi sae.

Nanggapi wadulan kasebat, Penjabat Bupati, Sleman Gatot Saptadi badhe tumuli ngudhari perkawis wau supados para perajin pasir lan semen boten kangelan pados pasir ingkang sae mutunipun.

( Subardi )

Artikel Terkait

Piodalan Pura Widya Darma

03 Desember 2015 18:54

Prospek Ternak Kalkun

03 Desember 2015 18:53

Syiar Agama Lumantar Seni Tradisi

03 Desember 2015 18:52