Piodalan Pura Widya Darma

Admin | Kamis, 03 Desember 2015 18:54

Sleman, www.jogjatv.tv Atusan Umat Hindu ing DIY nindakaken upacara Piodalan Pura Widya Dharma, ing Dhusun Dero, Wedomartani Kecamatan Ngemplak, Sleman, dinten Rebo (3/12). Umat hindu ingkang ngestreni upacara bekta banten, minangka pisungsung dhumateng Sang Hyang Widi Wasa. Upacara dipun tindakaken 6 wulan sepisan miturut Penanggalan Bali.

Atusan Umat Hindu katingal tidhem ngestreni upacara Piodalan Pura Widya Dharma. Rerangkening upacara kapurwakan ritual eteh – eteh utawi sesuci saderengipun Pujawali, kalajengaken Mecaru inggih ngubengi pura sinambi bekta banten lan dupa, kairing tetabuhan. Kangge suka panglipur Umat Hindhu, dhateng sangajeng altar persembahan dipun gelar Tari Rejang, dening lare-lare kangge mahargya tumedakipun para dewa. Salajengipun dipun gelar Tari Topeng Sidakarya, ingkang mengku teges pangestu amrih upacara lumampah kanthi rancag. Salebeting piodalan pura samangke ugi dipun adani pikukuhan Panitia Nyepi DIY taun Saka 1938 utawi taun 2016 ngajeng. Miturut Penyungsung Pura, Marnaka, upacara piodalan samangke langkung regeng, dipun estreni dening Umat Hindu saking saindhenging DIY ingkang racakipun wiranem. Bab wau dados tandha, bilih kagunan seni budaya wiwit dipun gandrungi dening para mudha.

( Hari Atmaja )

 

Artikel Terkait

Prospek Ternak Kalkun

03 Desember 2015 18:53

Syiar Agama Lumantar Seni Tradisi

03 Desember 2015 18:52

Sidak Kartel Beras

03 Desember 2015 18:50