DISPERINDAGKOPTAN CECAWISAN OP BERAS MURAH

Admin | Senin, 16 November 2015 19:02

Yogyakarta, DIY www.jogjatv.tv Pemerintah Kota Yogyakarta lumantar Dinas Perindustrian, Perdagangan, Koperasi dan Pertanian samangke saweg nyawisaken data kuota kangge ngadani operasi pasar beras murah. Bab wau dipun tindakaken kangge ngawekani mindhakipun regi uwos ngleresi mangsa paceklik ingkang dumados wulan Desember ngantos wulan Januari taun ngajeng.

Kepala Dinas Perindustrian Perdagangan, Koperasi dan Pertanian Kota Yogyakarta, Suyana mratelakaken, kangge cecawisan operasi pasar beras murah, samangke pehakipun saweg nyamektakaken data kuota kangge Bulog DIY. Operasi pasar beras murah dipun tindakaken kangge ngawekani mangsa paceklik ingkang miturut pandugi badhe dumados wulan Desember ngantos wulan Januari 2016 ngajeng. Sinaosa wekdalipun dereng dipun temtokaken nanging gayut rantaman kasebat, Disperindagkoptan Kota Yogyakarta sampun nampi rekomendasi saking PemdaDIY.

Suyana mratelakaken, regi uwos ngantos samangke taksih awis, uwos premium reginipun Rp. 11.000/kg dene uwos medium reginipun Rp. 10.000/kg. Mekanisme operasi pasar beras murah sami kados taun kapengker, langsung dhateng saben wewengkon. ( Hari Atmaja )

Artikel Terkait