Wiranem NU Protes Buku Dinsos

Admin | Selasa, 15 Maret 2016 18:59

Bantul, www.jogjatv.tv Puluhan wiranem warganing Banser, PMII, lan Ormas Islam sanespun, dinten selasa (15/3) dhateng ing Kantor Bupati Bantul komplek parasamya. Para wiranem kasebat ngajab dhateng Bupati Bantul, supados tumuli nangangi kasus buku Dinas Sosial ingkang kawawas sampun natoni Kerukunan Umat Agama ing Bantul. Para mudha kasebat nyuwun supados buku ingkang sampun dipun jabel tumuli dipun besem, sarta mangsulaken anggaran buku wau dhateng kas negara.

Sasampunipun orasi dhateng sangajenging kantor Bupati Bantul, kalajengaken mlampah dhateng kantor Dinas Sosial ing komplek perkantoran manding. Ing papan punika para wiranem ugi nelakaken uneg unegipun supados Dinsos nyuwun pangapunten dhateng Masyarakat Bantul awit sumebaripun buku sunah sunah setelah kematian, ingkang cengkah kaliyan budaya ing Kabupaten Bantul.

Pungkasanipun para wiranem wau nggelar tahlilan dhateng salebeting aula Pemda minangka wujud kaprihatosan, dene wonten paham Radikalisme Islam ingkang nyusup dhateng wewengkon Pemerintah Daerah Bantul. (Anang Zainuddin )

Artikel Terkait