Sekolah Nindakaken UAS Berbasis Komputer

Admin | Selasa, 15 Maret 2016 18:57

Klaten, www.jogjatv.tv Kangge nggladhi para siswa ing babagan teknologi salebeting pendidikan, ngiras kangge cecawisan lampahing un berbasis komputer, salah satunggaling sekolah ing Klaten Jawa Tengah, salebeting ujian akhir sekolah sampun berbasis komputer. Bab punika dipun tindakaken supadso para siswa langkung kulina dhateng IT, ngiras kangge nggladhi para siswa nggarap soal ujian berbasis komputer.

Sawetawis siswa kelas 12 SMK Kristen 5 Klaten nedheng nindakaken ujian akhir sekolah, dhateng ruang laboratorium sekolah. Kepala SMK Kristen 5 Klaten, Putut Kustriatmo, mratelakaken, lampahing ujian akhir sekolah samangke beda kaliyan padatan, bab kasebat jalaran sekolah ngelar ujian akhir sekolah kanthi ngginakaken soal ujian berbasis komputer, kangge sawetawis mata pelajaran. Bab punika dipun tempuh dening pehak sekolah supados para siswa kulina ngginakaken IT, komputer, lan ugi kangge nggladhi para siswa ndungkap lampahing Ujian Nasional.

Smk Kristen 5 Klaten inggih salah satunggal saking welasan SMA, SMK Sadrajat ing Klaten Jawa Tengah, ingkang lampahing Ujian Nasional benjing sampun berbasis komputer. Salebeting lampah ujian berbasis komputer, Putut nelakaken bilih SMK nipun sampun sawega, inggih cecawisanipun para siswa punapadene sarana-prasarana, inggih perangkat komputer sarta banwid internet. ( Haryadi )

Artikel Terkait