Wanci Liburan Kangge Supitan

Admin | Senin, 21 Desember 2015 19:20

Bantul, www.jogjatv.tv Wanci libur sekolah saged dipun tanjakaken kanthi maneka kridha. boten namung mlempak , plesir utawi sanja sedherek kaliyan kulawarga kemawon nanging ugi saged dipun isi kanthi maneka kridha gumathok sanesipun. kadosta ingkang dipun tindakaken dening takmir Masjid Al Hidayah, Bakalan, Pendowoharjo, Sewon, Bantul, ingkang ngadani kridha supitan massal nalika wanci libur sekolah samangke.

Atusan lare umur 6 -9 taun, dinten Minggu (20/12) siyang dhateng ing Masjid Al Hidayah Bakalan, saperlu tumut supitan massal ingkang dipun adani dening takmir masjid Al Hidayah. Tumapak wanci libur sekolah samangke, takmir masjid pancen sengaja nggelar kridha sosial wujud supitan massal, minangka wujud kepedulian sosial warga Bakalan.

Taun kapengker takmir ngadani bakti sosial, dene taun samangke kanthi supitan missal. Wonten watawis 120 lare ingkang tumut supitan massal.

(Anang Zainuddin)

Artikel Terkait

Safari Sholawat Al-Barzanji

21 Desember 2015 19:19

Patembayatan Pariwisata

21 Desember 2015 19:18

Kirab Budaya Desa Sendangadi

21 Desember 2015 19:17

Festival Timus

21 Desember 2015 19:15