Kirab Budaya Desa Sendangadi

Admin | Senin, 21 Desember 2015 19:17

Sleman, www.jogjatv.tv Pemerintah Desa Sendangadi, Kecamatan Mlati, Sleman, dinten Minggu (20/12) siyang nggelar upacara adat bersih desa lan ambal warsa 69 taun madegipun Desa Sendangadi. Lampahing upacara kasebat dipun regengaken kirab budaya.

Kirab budaya dening warga padhukuhan sawewengkon Desa Sendangadi, Kecamatan Mlati, Kabupaten Sleman mlampah wiwit saking Padhukuhan Jongke Lor tumuju dhateng Lapangan Sendangadi,nempuh lampah watawis tigang kilometer dene lampahing kirab dipun bidhalaken dening Camat Mlati, Suyudi, kanthi nggunting roncen sekar. Pasarta dumados saking sawetawis bregada, antawisipun bregada prajurit, bregada kendhi Toya Sendangsari, bregada gunungan sarta sawetawis bregada kesenian tradisional lan barongsai. Sasampunipun dumugi Lapangan Sendangadi, 14 kendhi isi Toya Sendangsari, dening Kades Sendangadi, dipun pasrahaken dhateng 14 dhukuh sa Desa Sendangadi dene gunungan wulu wedaling bumi dipun rebataken dhateng warga.

Miturut Kades Sendangadi, Damanhuri, kridha samangke kejawi kangge ngregengaken bersih desa ugi kangge mengeti ambal warsa 69 taun madegipun Pemerintah Desa Sendangadi sarta memetri budaya tilaranipun leluhur.

Kridha ingkang dipun estreni dening warga sedaya padhukuhan sa Desa Sendangadi, inggih saweg sepisanan dipun gelar. Awit nampi panyengkuyung saking maneka pehak, pramila badhe ajeg dipun adani saben wulan Desember. (Subardi)

Artikel Terkait

Festival Timus

21 Desember 2015 19:15

Biwara Peduli Bumi

21 Desember 2015 19:13