Urang Vaname Mencret, Asil Panen Mandhap

Admin | Selasa, 17 November 2015 20:01

Purworejo, www.jogjatv.tv– Awit kaperbawan kawontenan cuaca ingkang boten gumathok, kalih taun pungkasan Urang Vaname gadhahan petani ing tlatah Desa Jatikontal, Kecamatan Purwodadi , Purworejo , Jawa Tengah kathah ingkang mencret. Kawontenan kasebat njalari urang boten saged ngrembaka satemah petani nandhang kapitunan kathah awit asil panenipun suda antawis 60 70 persen .

Ngantos samangke dereng wonten kawigatosan saking dinas ingkang kawogan kangge ngudari perkawis wau kamangka para petani ugi boten gadhah cara kangge ngawekani supados urang boten kenging sesakit kasebat. (Pambudi Nugraha)

Artikel Terkait