Sosialisasi Tata Tertib Berlalulintas

Admin | Selasa, 17 November 2015 20:00

Solo, www.jogjatv.tv—Satlantas Polresta Solo ngadani seminar lan sosialisasi tumrap mahasiswa bab tata tertib berlalulintas. Kathahipun pelanggaran lalu lintas njurung gagasan pehak kepolisian kangge ndhapuk Pelopor Keselamatan Berlalu Lintas tumrap kalangan mahasiswa.

Seminar sesirah Police Goes To Campus dipun gelar dhateng satunggaling mall kawentar ing Kitha Solo. Kajawi mahasiswa, seminar ugi dipun rawuhi dening pejabat Satlantas Sa-Soloraya. Police Goes To Campus mujudaken salah satunggaling program saking Korlantas Polri, ingkang katujokaken dhateng mahasiswa minangka Agen Pelopor Keselamatan Berlalulintas.

Miturut Kasatlantas Polresta Solo, AKP Prayuda Widiatmoko, seminar sengaja dipun gelar kangge sosialisasi tata tertib berlalulintas awit mahasiswa asring nerak tata tertib lalulintas.

Kejawi kangge sosialisasi, program wau ugi mengku ancas kangge nyuda angka kecelakaan tumrap kalangan remaja utawi mahasiswa supados pana dhateng pranatan lalulintas.

(Sazadi Abdilah)

Artikel Terkait

Pameran Produk Budaya Khas Jogja

17 November 2015 19:59

Ngonthel Bareng Mubeng Rawa Jombor

17 November 2015 19:58

Lomba Alih Aksara Jawa

17 November 2015 19:56