Tumapak Mangsa Rendheng, Waspada Sumebaring Sesakit

Admin | Kamis, 12 November 2015 20:07

Yogyakarta, www.jogjatv.tv Gumantosing mangsa ketiga dhateng mangsa rendheng, Kota Yogyakarta kalebet tlatah ingkang mutawatiri dhateng sumebaring maneka sesakit. Jawah sinartan bena ingkang dumados ing Kota Yogyakarta kedah dipun waspadani awit padatan njalari sumebaring maneka sesakit antawisipun diare , penyakit kulit lan leptospirosis.

Miturut Kepala bidang pengendalian Penyakit Dan Penyehatan Lingkungan, Dinas Kesehatan Kota Yogykarta, Yuridia Amelia wanci pancaroba pinuju tumapaking mangsa rendheng, wewengkon Kota Yogyakarta mliginipun dhateng bantaran lepen, mujudaken tlatah ingkang gampil katerak maneka sesakit, padatan jawah ingkang sinartan bena bekta bibit penyakit. Kajawi diare lan penyakit kulit , masyarakat ugi kedah waspada dhateng sesakit ingkang sumebaripun jalaran uyuh tikus inggih punika leptospirosis ingkang sumebaripun dhateng toya ingkang ngembeng lan bena. Miturut data saking Dinas Kesehatan Kota Yogyakarta ing wiwitan taun 2015 dumados 26 kasus leptospirosis lan 6 ing antawisipun tilar donya.

Supados sesakit leptospirosis boten ngrebda kados nalika tumapaking taun punika, pehakipun nyamektakaken sedaya puskesmas ing Kota Yogyakarta sarta grengseng nindakaken sosialisasi pencegahan penyakit kanthi ngajak masyarakat supados resikan.

( Hari Atmaja )

Artikel Terkait