Tumapak Mangsa Rendheng Pande Kathah Welingan

Admin | Kamis, 12 November 2015 20:07

Gunungkidul, www.jogjatv.tv Mangsa rendheng tetela boten namung dados berkah menggahing sanak kadang tani kemawon nanging ugi ngrejekeni tumrap para pande. Tumapak mangsa rendheng samangke, para pande ing tlatah Gunungkidul, nikelaken produksi awit welingan mindhak.

Tumapak mangsa rendheng samangke, pande ing Dhusun Kajar 2, Karangtengah, Wonosari, Gunungkidul, Siswanto Anwar, nikelaken produksi ngantos 30 persen awit welingan mindhak. Pacul, arit, garu lan gathul ingkang dipun damel kangge nyekapi welingan saking para agen, ing wewengkon DIY sarta 11 provinsi sanes ing Indonesia. Saben dinten, Siswanto Anwar damel 120 alat pertanian , dene reginipun antawis Rp 30.000,00 ngantos atusan ewu rupiyah gumantung jinis lan mutunipun.

( Anjar Ardityo )

Artikel Terkait