Ngawekani Bena, Sungapan Bogowonto Dipun Keruk

Admin | Rabu, 11 November 2015 19:25

Kulonprogo, www.jogjatv.tv Atusan warga kabupaten Kulonprogo lan Purworejo, gotong-royong mbedhah sungapan lepen Bogowonto, Kecamatan Temon, Kulonprogo. Menawi pasir ingkang nutup sungapan boten dipun keruk, dipun kuatosaken lepen Bogowonto mbludag malih. Awit saking punika, warga ngajab pemerintah tumuli cawe-cawe mbedhah sungapan lepen Bogowonto supados boten dumados bena nalika jawah deres.

Nembe sawetawis dinten jawah deres, griyaning warga, laladan pasabinan lan tambak urang ing Kabupaten Kulonprogo lan Purworejo kembengan toya. Atusan warga Jangkaran lan Jatikontal, Purworejo, Jawa Tengah , dinten Rebo (11/11) enjing ngeruk pasir ingkang bunteti sungapan lepen bogowonto. Menawi sungapan boten tumuli dipun bedhah, menawi sawanci-wanci jawah deres, atusan hektar pasiten badhe keblabak bena malih. Dinten Rebo (11/11), taneman jagung, pantun lan tambak urang ing Desa Pasir Mendhit lan Pasir Kadilangu,. Kulonprogo sampun kembeng toya. Kangge ngawekani kapitunan urang ingkang dereng wancinipun dipun panen kepeksa dipun sade. Sinaosa taun kapengker pemerintah sampun ngeruk pasir ing lepen ngginakaken backhoe nanging samangke lepen kebak pasir seganten malih.

Miturut Kadus Jatikontal, Purwodadi, Purworejo, Jawa Tengah Subiyanto, jawah sadanguning tigang dinten, 5 desa ing wewengkonipun inggih Jatimalang, Jatikuntal, Karanganyar, Gedangan lan Jogoboyo sampun keblabak bena. ( Muhammad Sugeng )

Artikel Terkait

Pameran Lukisan Maestro Seni

11 November 2015 19:24

Pegiat gerakan hemat air

11 November 2015 19:23

Usada Lelahanan Tumrap Karyawan

11 November 2015 19:21