TP PKK DESA WUKIRSARI NGANGGIT BUKU PARENTING

Admin | Senin, 16 November 2015 19:08

Sleman, DIY www.jogjatv.tv Minangka wujud kawigatosan dhateng kedadosan ingkang asring nemahi lare-lare, Tim Penggerak PKK Desa Wukirsari, ngepyakaken buku parenting. Buku kasebat njlentrehaken Cara Mendidik Anak Dengan Benar dan Tepat, supados boten klentu salebeting nggulawentah lare.

Kasus ingkang nemahi lare-lare jaman samangke pancen mrihatosaken. Lare asring dados objek kekerasan, ingkang mahanani pangaribawa awon ing tembenipun. Supados boten wonten kedadosan kasebat, Tim Penggerak PKK Desa Wukirsari nganggit buku parenting ingkang kandelipun 55 kaca lan dipun serat sadanguning setaun. Buku kasebat njlentrehaken cara nggulawentah lare, boten namung tumrap ibu kemawon nanging ugi betahaken kiprah saking bapak, kangge pangrembakaning yoga.

Buku sesirah Sekolah Pintar Season Satu Parenting punika, miturut rantaman badhe dipun damel sesi kaping kalih lan dipun sade dhateng masyarakat umum. Buku kasebat kaajab dados pathokan tumrap tiyang sepuh, bab jagating lare lan caranipun nggula wentah. ( Heri Susanto )

Artikel Terkait

SENAM BERSAMA LAN SEPEDA SANTAI

16 November 2015 19:07

MITOS MASJID TIBAN

16 November 2015 19:05

FESTIVAL GEROBAG

16 November 2015 19:04