Showroom Ukm Murtigading

Admin | Selasa, 08 Desember 2015 19:42

Bantul, www.jogjatv.tv Dana desa, prayogi boten namung kangge mbangun sarana lan prasana fisik pedesaan kemawon. Pambangunan sektor ekonomi kreatif ugi wigatosaken kangge ngindhakaken karaharjan masyarakat. Kados ingkang dipun tindakaken dening Pemerintah Desa Murtigading, Sanden, Bantul, inggih kanthi ndayakaken kelompok UKM sarta nyewa showroom kangge mameraken lan dhasaraken produk masyarakat, dhateng sanjawining Desa Murtigading.

 

Trobosan ingkang dipun tindakaken dening Pemerintah Desa Murtigading, Sanden, Bantul, patut dipun tiru dening desa sanesipun. Kanthi nanjakaken dana desa, Pemerintah Desa Murtigading tembayatan kaliyan pihak ketiga, nyewa satunggaling papan ing kitha bantul kangge stand produk UKM Warga Murtigading. Maneka wohing pakaryanipun UKM saking 18 padhukuhan ing Murtigading, dipun pameraken lan dipun dhasaraken dhateng showroom gedung juang Veteran Bantul. Maneka tetedhan olahan, nyamikan, kerajinan ngantos taneman pangan, cumawis ing showroom punika.

 

Budi Subowo, Kasi Pembangunan Desa Murtigading, Sanden, mratelakaken kangge nanggel mutuning produk UKM saderengipun showroom dipun bikak, kelompok UKM saking 18 padhukuhan ing Murtigading, saderengipun sampun dipun sukani pelatihan bab produk, supados gadhah standar kesehatan lan mranani. Kanthi makaten, sedaya produk ingkang dipun sade dhateng showroom ukm murtigading punika sampun gadhah standar mutu lan layak konsumsi. ( Anang Zainuddin )

Artikel Terkait

Sedaya TPS Siyaga Nggelar Pilkada

08 Desember 2015 19:41

Pemasangan CCTV Sekolah

08 Desember 2015 19:41

Kawasan Industri Piyungan

08 Desember 2015 19:39

DIY Percontohan Nasional Bab Kespro

08 Desember 2015 19:34