Pemasangan CCTV Sekolah

Admin | Selasa, 08 Desember 2015 19:41

Yogyakarta, www.jogjatv.tv Dinas Pendidikan Kota Yogyakarta ngantos samangke tansah kupiya amrih sedaya sekolahan ing Kota Yogyakarta dipun pasangi cctv. Sasampunipun tataran SMP, SMA, SMK, Disdik ngangkah sedaya Sekolah Dasar Negeri ugi dipun pasangi cctv.

 

Kepala Dinas Pendidikan Kota Yogyakarta, Edy Heri suasana mratelakaken, pemasangan cctv sampun dipun tindakaken dhateng sekolahan SMP sarta SMA SMK sadrajat, sinaosa sawetawis SMP taksih kedah dipun jangkepi malih. Ngengeti bilih cctv migunani, boten namung kangge nyemak keamanan sekolahan kemawon, nanging ugi saged kangge nyemak kridha salebeting kelas ingkang kawawas rawan, pramila cctv ugi badhe dipun pasang dhateng sedaya Sekolah Dasar Negeri ing Kota Yogyakarta.

 

Edy ugi mratelakaken, camera cctv ugi trep kangge nyemak lampahing ujian sekolah. Boten namung dhateng kelas, cctv ugi badhe dipun pasang dhateng ruwang guru lan ugi papan parkir, kanthi pangangkah saged nyipta suwasana ingkang tentrem kangge lampah pasinaon. ( Hari Atmaja )

Artikel Terkait