Seleksi Bunda PAUD Desa Berprestasi

Admin | Kamis, 14 April 2016 19:55

Klaten, www.jogjatv.tv Pendidikan Anak Usia Dini inggih pendidikan ingkang sakelangkung wigati lan nemtokaken pangrembakaning lare ing tembe. Ngengeti wigatinipun PAUD awit saking punika, Departemen Pendidikan Nasional suka fasilitas, suka pembinaan lan ndunungaken supados lembaga PAUD, tumrap sok sintena kemawon ingkang badhe tumut. Wontenipun PAUD ing Klaten, Jawa Tengah boten saged uwal saking kiprah Bunda PAUD, tansaya ing tataran desa, salebeting suka motivasi dhateng masyarakat kangge ndaftaraken anak usia dini mlebet PAUD. Salajengipun Tim Penggerak PKK nindakaken seleksi 10 Bunda PAUD berprestasi kangge makili Kabupaten Klaten majeng lomba Bunda PAUD tataran propinsi dene ingkang wigati, ayahan Bunda PAUD kangge njurung kawigatosan masyarakat salebeting ngrembakaken PAUD ing madyaning masyarakat.

Miturut data Dinas Pendidikan Kabupaten Klaten, samangke ing Klaten, Jawa Tengah, madeg 1.101 lembaga PAUD dene cacahing desa ing Klaten wonten 401 desa pramila dhateng saben desa wonten 2 lembaga PAUD , kepara langkung . Bab wau nedahaken bilih para tiyang sepuh gadhah kesadaran nglebetaken yoganipun dhateng PAUD. Kanthi makaten lembaga PAUD saged suka ladosan kanthi sakmesthinipun. (Haryadi)

Artikel Terkait