Operasi Bersinar, Pejabat Pemkab Tes Urin

Admin | Kamis, 14 April 2016 19:53

Magelang, www.jogjatv.tv Kangge mujudi pemerintahan ingkang resik saking narkoba, Satuan Narkoba, Kepolsian Resort Magelang nindakaken tes urin dadakan tumrap pejabat Pemerintah Kabupaten Magelang.

Mboko setunggal pejabat Pemkab Magelang tes urin, salebeting operasi Berantas Sindikat Narkoba (Bersinar).

Salebeting operasi ingkang sepisanan, petugas kepolisian boten manggihaken pejabat ingkang ngginakaken narkoba. Miturut Wakil Walikota Magelang, Zainal Arifin, nyengkuyung kupiya Kepolisian Resort Magelang salebeting mujudi pemerintahan ingkang resik saking narkoba kanthi nindakaken tes urin ing wilayah kerjanipun.

Wondene Kasat Narkoba Polres Magelang, AKP Eko Sumbodo mratelakaken, saking puluhan pejabat ingkang dipun pilih acak boten wonten ingkang positif ngonsumsi narkoba.

Miturut rantaman salebeting operasi Bersinar ingkang dipun tindakaken wiwit tanggal 21 Maret ngantos 19 April 2016 benjing, petugas kepolisian badhe nindakaken tes urin dhateng instansi ing tlatah Kabupaten Magelang. (Yuki Pramudya)

Artikel Terkait