Kampung Flory, Wisata Edukasi Pertanian

Admin | Kamis, 14 April 2016 19:48

Sleman, www.jogjatv.tv Samangke, para muda racakipun kirang greget nekuni usaha bidang pertanian. Awit saking punika, petani wiwit kangelan pados tenaga penggarap. Kadereng raos prihatos ningali kawontenan kasebat, wiranem Padukuhan Jugang Pangukan, Desa Tridadi Kecamatan Sleman, Kabupaten Sleman, nyulap dhusunipun dados Kampung Flory minangka Obyek Wisata Edukasi Pertanian kangge narik kawigatosan, supados para mudha greget olah tetanen.

Pekawisan kas desa, ingkang wiyaripun 1 hektar, dening para mudha dipun tanjakaken kangge damel taman bermain sarta dipun tanemi taneman pasren lan woh-wohan. Sedaya pekawisan Warga Jugang, Pangukan ugi dipun tanemi maneka taneman pasren lan woh-wohan. Ing Kampung Flory kasebat, wonten ewonan bibit taneman pasren, woh-wohan sarta Tanaman Buah Dalam Pot ingkang dipun sade kangge masyarakat. Kampung Flory ugi jinangkepan kolam bermain lan 3 Griya Limasan kangge papan pepanggihan. Miturut pengelola Kampung Flory, Sudihartono, Kampung Flory dipun tata minangka Obyek Wisata Edukasi Pertanian supados narik kawigatosan mliginipun tumrap wiranem lan pelajar, amrih para muda greget lan remen dhateng aneka usaha pertanian ingkang tetela bebatheni.

Miturut salah satunggaling warga ingkang pinuju dhateng Kampung Flory jugang Pangukan, Dian Kumala Dewi, Kampung Flory kasebat sakelangkung endah lan trep kangge Obyek Wisata Edukasi Pertanian. Emanipun, jinis taneman ingkang dipun tanem dereng pepak, prayogi dipun wimbuhi malih supados saya mranani. (Subardi)

Artikel Terkait