Pusat Layanan Kesehatan Lansia

Admin | Kamis, 26 November 2015 20:08

Sleman, www.jogjatv.tv - Penjabat Bupati Sleman, Gatot Saptadi dipun ampingi sawetawis pejabat sanesipun, kepareng nyemak lampahing pambangunan ing Sleman taun 2015, antawisipun nyemak pambangunan Peken Sleman, pambangunan Kantor Kecamatan Tempel lan pambangunan gedung RSUD Murangan, Sleman. Saking panyemak kasebat, dipun mangertosi, pambangunan Peken Sleman lan Kantor Kecamatan Tempel, sampun 90 persenlan kaangkah rampung pungkasan taun punika dene pambangunan tahap akhir gedung enggal RSUD Murangan, Sleman, samangke sampun 67 persen lan kaangkah rampung tanggal 23 Desember benjing pramila ing wiwitan taun 2016 benjing, gedung enggal RSUD Murangan ,Sleman saged dipun ginakaken kangge ngladosi masyarakat.

Gedung RSUD Murangan Sleman ingkang enggal tingkat 7, badhe dipun ginakaken kangge Layanan Kesehatan Terpadu dene gedung ingkang lami badhe dipun ginakaken kangge Pusat Pelayanan Kesehatan Khusus Lansia.

(Subardi)

Artikel Terkait

Lomba Jemparingan Gagrag Mataraman

26 November 2015 20:08

Agrowisata Merapi Farma Herbal

26 November 2015 20:06