Gerakan PSN Grengseng Dipun Tindakaken

Admin | Kamis, 26 November 2015 20:07

Klaten, www.jogjatv.tv – Warga Desa Pluneng. Kecamatan kebonarum. Klaten grengseng nindakaken Gerakan Pemberantasan Sarang Nyamuk kangge ngawekani sumebaring sesakit Demam Berdarah Dengue. awit nalika jawah deres kathah toya ingkang ngembeng dhateng plataran griya punapadene selokan. Kajawi punika Puskesmas desa kaajab grengseng suka sesuluh dhateng masyarakat supados kalis saking sesakit DBD.

Masyarakat kaajab grengseng nindakaken Gerakan Pemberantasan Sarang Nyamuk kanthi nindakaken kridha Tiga M, mengubur. menutup barang-barang bekas dan menguras bak mandi. Gerakan PSN kawawas trep kangge medhot mata rantai sumebaring DBD sarta mejahi uged-uged lemut Aedes Aegypty.

Gerakan PSN ugi grengseng dipun lampahi dhateng sekolah ing tlatah Klaten. antawisipun SMK Negeri 1 Gantiwarno ingkang ngajak siswanipun reresik kalen lan selokan.

(Purwanto)

Artikel Terkait