Provokasi Pawadan Agama

Admin | Selasa, 22 Desember 2015 19:31

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv Agama dados paugeran gesang tumrap saben pribadi kangge sangu pasrawungan salebeting gesang masyarakat. Eman dene sawetawis pehak asring congkrah, kanthi pawadan agama.

Bab wau saged kemawon dumados menawi wonten oknum utawi provokator, ingkang ndamel ringkihing kerukunan antawisipun pangrasuk agama kados ing Indonesia. Nalika njlentrehaken materi ing Bakesbanglinmas DIY,Kepala Seksi Kemitraan Penerangan Agama Islam Kantor Wilayah Kementerian Agama DIY Abdul Suud,mratelakaken sinaosa perkawis sepele nanging badhe suka pangaribawa ageng, antawisipun nikah beda agama , saged nuwuhaken perkawis salebeting kulawarga. Abdul ugi mratelakaken, dinten wigati tumrap Agama Islam lan Kristen wekdalipun meh sareng , inggih tanggal 24 lan 25 Desember benjing. Awit saking punika betah kawigatosan mirunggan kangge ngawekani bab-bab ingkang boten dipun pikajengi. (Heri Susanto)

Artikel Terkait

Pengetan Hari Ibu

22 Desember 2015 19:29

Cecawisan Dungkap Natal

22 Desember 2015 19:26