Gandewa, Band Gamelan Tradisi Lan Modern

Admin | Selasa, 22 Desember 2015 19:28

Yogyakarta, www.jogjatv.tv Generasi muda gadhah maneka cara kangge ngajak wiranem sanesipun, supados greget nresnani kagunan budaya tradisional, kadosta Gandewa, band gamelan mahasiswa UNY.

Nalika nembang lagu Yogyakarta saking Kla Project, Gandewa, tetela damel keprananipun para pamirsa panggung PMPS, dinten Senen (22/12). Band kasebat nyawijakekan alat musik tradisional, gamelan lan alat musik modern , drum, bass, lan gitar. Nalika pentas, band kasebat, ugi ngangge busana jawi sarta asring wicantenan kaliyan pamirsa ngginakaken basa jawa, awit makili mahasiswa Pendidikan Bahasa Daerah UNY.

Miturut pimpinan grup Gandewa, Ahmad Hasfi Asmaralaya, sengaja manunggalaken alat musik tradisional lan modern, kangge ngajak para mudha supados nresnani gamelan , awit kanthi manunggalaken bab ingkang modern langkung gampil narik kawigatosan wiranem.

Salebeting pentas, Band Gandewa boten namung nembang kemawon, nanging ugi nggelar tari jawa gagrag enggal. (Twin Kumilah)

Artikel Terkait