Piranti Menek Uwit

Admin | Selasa, 08 Maret 2016 19:12

Magelang, www.jogjatv.tv Burhan, Warga Desa Kebonrejo, Kecamatan Candimulyo, Kabupaten Magelang, rekadaya damel piranti kangge menek uwit, satemah kanthi nanjakaken pirantinipun kasebat, menek uwit saged langkung gampil. Kanthi piranti damelanipun punika, priya ingkang samangke sampun yuswa 42 Taun kasebat gampil anggenipun menek tirisan, kamangka saderengipun ngginakaken piranti punika, Burhan boten saged menek uwit klapa.

Piranti kangge menek uwit punika dipun damel saking tosan ukuran kalih setengah mili, kawat waja, lan ban bekas truk, sadel sepedha ontel sarta tangsul. Gagasanipun damel piranti punika inggih saking pratikel kancanipun. Tosan rosokan dipun las dados wujud kalih pajutiga ingkang pigunanipun kangge cepengan lan kangge papan sadel sepeda ontel. Dene kawat waja lan ban bekas truk pigunanipun kangge cepengan dhateng uwit.

Samangke Burhan ugi damel piranti punika kanthi regi antawis tigangatus ngantos gangsalatus ewu rupiyah, gumantung ukuran tosan ingkang dipun ginakaken. Piranti ingkang kiyat kangge nyangga bobot ngantos kalih kwintal punika samangke kathah dipun tanjakaken dening para petani nalika panen uwohwohan. ( Yuki Pramudiya )

Artikel Terkait