Abdidalem Jurukunci Imogiri Ndedonga Sesarengan

Admin | Selasa, 08 Maret 2016 19:10

Bantul, www.jogjatv.tv Sholawat Rodat Dinten Selasa (8/3) kumandhang ing Plataran Astana Pajimatan Imogiri Bantul. Sholawat punika miwiti lampahing pengetan Hadeging Nagari Ngayogyakarta Hadiningrat.

Sesepuh Abdidalem Juru Kunci Imogiri Kotagede, Kanjeng Raden Tumenggung Hastono Ningrat mratelakaken, tahlil lan donga sesarengan punika inggih perangan saking rerangken pengetan 256 Taun Hadeging Nagari Ngayogyakarta Hadinirngrat. Upacara kados makaten inggih tansah dipun gelar dening Abdidalem Jurukunci ing saben pengetan Hadeging Nagari, inggih punika ing Dinten Selasa Pon.

Utusan saking Kraton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat ugi rawuh, inggih punika KPH Purbodiningrat. Upacara ingkang dipun pandhegani dening Abdi Dalem Kaji punika lumampah tumemen lan tidhem. ( Anang Zainuddin )

Artikel Terkait