Pesta Demokrasi Cara Warga Sulang

Admin | Rabu, 09 Desember 2015 18:52

Bantul, www.jogjatv.tv Maneka kupiya dipun lampahi dening KPPS supados masyarakat greget dhateng TPS ngginakaken hak pilihipun salebeting pilkada Bantul. Petugas KPPS nggatra TPS 17 Pedukuhan Sulang Kidul, Patalan, Jetis, Bantul kados papan gumelaring pawiwahan. Among tamunipun inggih paraga reog dene sedaya anggota KPPS ngangge busana jawa jangkep, lare-lare ingkang tumut dhateng TPS ajrih ningali paraga reog ingkang gegirisi kepara wonten ingkang nangis. Awit saking punika dening KPPS dipun sukani bebingah supados mendel.

(Anang Zainuddin )

Artikel Terkait

Warga Tangkap Pelaku Politik Uang

09 Desember 2015 18:33

TPS Unik, Nyoblos di Bus

09 Desember 2015 18:32

TPS Khusus Pasien RS

09 Desember 2015 18:31