Coblosan Ing Lapas Sleman Kanthi Swasana Jawa

Admin | Rabu, 09 Desember 2015 18:51

Sleman, www.jogja tv.tv Coblosan, pemilihan Bupati dan Wakil Bupati Sleman dhateng Lembaga Pemasyarakatan Sleman dipun gelar kanthi swasana jawa. Sedaya petugas ngangge busana adat jawa. Ancasipun kangge njurung supados warga binaan, ngginakaken hak pilih, ngiras kangge ngleluri kagunan budaya tilaran nenek moyang.

Miturut Kepala Lapas Cebongan Sleman, Supriyanto warga binaan Lapas Sleman ingkang kacathet daftar pemilih tetap, tiyang 127 dene ingkang saged ngginakaken hak pilihipun namung 72 jalaran sanesipun sampun medal saking pakunjaran.

Wondene nalika nyemak lampahing coblosan dhateng Lapas Cebongan Sleman, Kepala Kejaksaan Tinggi DIY, Tony Spontana mratelakaken lampahing coblosan dhateng sawetawis lapas ing DIY lumampah rancag.

 

(Subardi)

Artikel Terkait

Warga Tangkap Pelaku Politik Uang

09 Desember 2015 18:33

TPS Unik, Nyoblos di Bus

09 Desember 2015 18:32

TPS Khusus Pasien RS

09 Desember 2015 18:31