Pawai Budaya Keris Summit 2015

Admin | Kamis, 29 Oktober 2015 20:24

Yogyakarta, www.jogjatv.tv Ewonan seniman lan warga masyarakat ing Ngayogyakarta tumut ngregengaken lampahing pawai budaya dhateng sauruting Jalan Malioboro, dinten Rebo (28/10) sonten. Pawai kangge murwakani Pameran Keris Summit 2015 ingkang dipun gelar wiwit tanggal 28 Oktober ngantos 1 November 2015 ing beteng Vendenburg Ngayogyakarta.

Pawai kawiwitan bregada prajurit kraton ugi mitontonaken maneka kagunan seni tradisional lan moderen, bregada ingkang mbekta pepethan keris ageng sarta barisan Komando Resort Militer – Korem 072 Pamungkas Yogyakarta. Sawetawis seniman ugi nggelar painting street art, nglukis keris dhateng becak lan sapanunggalanipun. Pawai budaya ingkang kawiwitan saking plataran gedung DPRD DIY tumuju dhateng benteng Vendenburg Ngayogyakarta narik kawigatosanipun warga lan ugi wisatawan ingkang plesir dhateng Malioboro.

Kejawi kangge nglempakaken data maneka jinis keris saking maneka paguyuban sutresna keris ing Indonesia, Keris Summit 2015 samangke ugi ngiras kangge nepangaken malih keris minangka warisan budaya Indonesia ingkang sampun dipun akeni jagad internasional.

Kejawi mameraken 650 koleksi keris saking Sumatera, Kalimantan, Bugis, Jawa, Bali lan Lombok, Keris Summit 2015 ugi dipun regengaken workshop caranipun mandhe keris, damel warangka lan pemaharan keris.

Fauzan Ahmad

Artikel Terkait

Pameran Produk Karya SMK

29 Oktober 2015 20:23

Kodim Sleman Sholat Istisqo

29 Oktober 2015 20:18