Nepangaken Seni Dhateng Siswa Berkebutuhan Khusus

Admin | Kamis, 29 Oktober 2015 20:19

Bantul, www.jogjatv.tv - Seni tari tetela boten namung saged dipun ayahi dening tetiyang ingkang badanipun normal kemawon, awit seni tari saged dipun ayahi dening sinten kemawon, kalebet penyandang disabilitas. Seni inggih perangan saking sedaya umat manungsa tanpa ningali status sosial punapa dene kawontenan badan.

Bab wau ingkang kupiya dipun tindakaken dening Padepokan Seni Bagong Kusudiarjo ing Dhusun Kembaran Tamantirto Kasihan Bantul. Supados saged nyawiji kaliyan sedaya kalangan masyarakat, PSBK ajeg suka sedhahan dhateng kelompok masyarakat kangge ningali gladhen seni ing padepokan. Boten namung tetiyang ingkang badanipun sampurna, PSBK ugi suka wadhah tumrap penyandang disabilitas. Sawetawis dinten kapengker, PSBK nepangaken kridha seni dhateng siswa SLB.

Miturut salah satunggaling seniman PSBK, Tika, dhatengipun siswa berkebutuhan khusus inggih saking sedahan para seniman ing PSBK. Ancasipun saperlu dipun tepangaken dhateng maneka kagunan seni ingkang dipun gegulang ing PSBK.

Salah satunggaling guru SLB , Harjilah nampi kanthi remen gagasan seniman PSBK. Seni inggih salah satunggaling cara ingkang trep kangge njurung siswa kebutuhan khusus supados greget sinau awit saperangan siswa ABK racakipun kirang sengguh dene seni kawawas saged ndayani raos sengguhipun.

Anang Zainuddin ,

Artikel Terkait

Kodim Sleman Sholat Istisqo

29 Oktober 2015 20:18

Sosialisasi Pilkada

28 Oktober 2015 19:05