Pasien demam berdarah mindhak kathah

Admin | Selasa, 12 Januari 2016 19:08

Sleman, www.jogjatv.tv Adhedhasar data RSUD Sleman ing mangsa rendheng samangke prasasat saben wulan wonten pasien demam berdarah ingkang mondhok, kepara ing wulan Januari samangke pasien demam berdarah ing RSUD Sleman mindhak kathah. Menawi ing wulan Desember kapengker namung setunggal pasien demam berdarah ingkang modhok, ing minggu kaping tiga wulan januari samangke mindhak dados gangsal pasien.

Miturut prakiraan BMKG Yogyakarta, Wiwit, tengahing wulan Januari ngantos pungkasaning wulan Februari ing DIY badhe kathah jawah. Nanggapi bab kasebat direktur RSUD Murangan Sleman, Joko Hastaryo, ngajab supados masyarakat nggrengsengaken pemberantasan sarang nyamuk, sarta njagi resiking wewengkonipun piyambak piyambak.

Salah satunggaling warga Dhusun Sompokan, Margomulyo, Seyegan Sleman, Wijayanti, mratelakaken anggenipun dhateng RSUD Murangan Sleman inggih kangge nenggani yoganipun ingkang mondhok jalaran demam berdarah. Saderengipun yoganipun sakit demam berdarah ing Dhusun Sompokan sampun wonten sangang warga saking tigang kulawarga ingkang nandhang demam berdarah. Awit saking punika Wijayanti ngajab Pamarentah langkung asring ngadani foging kangge ngawekani supados sesakit punika dados wabah ingkang nular dhateng tlatah sanes. ( Subardi )

Artikel Terkait