Gor WR Supratman tumuli dipun tanjakaken

Admin | Selasa, 12 Januari 2016 19:06

Purworejo, www.jogjatv.tv Pemkab Purworejo badhe tumuli nanjakaken malih gor WR Supratman Purworejo ingkang sampun watawis tigang taun mangkrak boten tumanja.

Penjabat Bupati Purworejo Jawa Tengah, Agus Utomo, dinten Selasa (12/1) enjing tetinjo langsung dhateng gor WR Supratman Purworejo ingkang sampun watawis 3 taun mangkrak awit wontenipun perkawis gayut pembangunan gor dening Komite Pembangunan, Dene ngantos samangke perkawis kasebat taksih dipun tangani dening kejaksaan negeri purworejo.

Agus Utomo mratelakaken Komite Pembangunan sampun masrahaken Gor WR Supratman dhateng Pemkab Purworejo ingkang salajengipun badhe dipun kemonah dening Disbupora, sinaosa makaten taksih wonten sawetawis perangan gor ingkang dereng rampung anggenipun nggarap.

Agus utomo ugi sampun sesambetan rembag kaliyan Kajari Purworejo bilih gor saged dipun tanjakaken, nanging urusan kukum tetep lumampah. Kejawi gor WR Supratman, ingkang dumunung sacelaking gor ugi badhe dipun tanjakaken sinaosa wonten peranganing wewangunan ingkang kedah dipun dandosi, kadosta payon tribun lan sanesipun, kanthi pangajab warga saged sekeca nalika olahraga dhateng papan kasebat. (Pambudi Nugraha )

Artikel Terkait