Mutasi Kepala Sekolah Dasar

Admin | Rabu, 18 November 2015 20:12

Klaten, www.jogjatv.tv Dinten Rebo (18/11) enjing, UPTD Pendidikan Klaten Tengah nindakaken serah terima jabatan kepala sekolah dasar negeri lan promosi jabatan. Wonten 4 kepala sekolah ingkang promosi jabatan lan 3 kepala sekolah ingkang mutasi.

Upacara srah panampi jabatan kepala sekolah mapan ing aula UPTD Pendidikan Klaten Tengah, dipun tindakaken dening kepala UPTD Klaten Tengah, Isnaeni, sineksen Muspika. Serah terima jabatan inggih wiwitan makarya tumrap kepala sekolah mliginipun kepala sekolah ingkang enggal. Kepala sekolah gadhah tanggel jawab tumrap sedaya kridha ing sekolah, inggih KBM, operasional sekolah sarta pengembangan mutu pramila wontenipun kepala sekolah definitif wigati menggahing sekolah. Awit saking punika Dinas Pendidikan tansah kupiya ngisi jabatan kepala sekolah ingkang lowong, tansaya jorjoran jagading pendidikan ing Klaten Tengah kapetang awrat jalaran sekolah swasta tansaya majeng. Isnaeni ngajak sekolah negeri ing Klaten ngindakaken mutu pendidikan lan rebat unggul kaliyan sekolah sanes, supados boten nguciwani tumrap wali murid.

Miturut data Dinas Pendidikan Klaten, wonten 260 kepala sekolah dasar ingkang kawisudha sawetawis wekdal kapengker. 214 kepala sekolah dasar ingkang dipun mutasi lan 46 kepala sekolah dasar dipun promosi awit sampun lulus uji kompetensi, Lembaga Penjamin Mutu Pendidikan. Saking 700 sekolah dasar ing Klaten ingkang sumebar dhateng 26 kecamatan, samangke taksih wonten 10 sekolah dasar ingkang lowong jabatan kepala sekolah.

( Haryadi )

Artikel Terkait

Mangsa Rendheng DBD Nular

18 November 2015 20:11

Kepyakan Gudang Cadangan Pangan

18 November 2015 20:11

Gerakan Cintai Hutan

18 November 2015 20:10

Aksi Bersih Kali

18 November 2015 20:08