Kepyakan Gudang Cadangan Pangan

Admin | Rabu, 18 November 2015 20:11

Bantul, www.jogjatv.tv– Kupiyanipun pemerintah kangge mujudi ketahanan pangan nedheng dipun lampahi. Kejawi nindakaken intensifikasi sarta penganekaragaman tanaman pangan, pemerintah ugi grengseng mbangun gudang cadangan pangan dhateng sawetawis wewengkon. Ing DIY ngantos pungkasan taun 2015, sampun gadhah 54 gudang cadangan pangan ingkang dipun kemonah dening Lembaga Distribusi Pangan Masyarakat sarta Gabungan Kelompok Tani.

Dinten Rebo (18/11) siyang, Gubernur DIY Sri Sultan HB X sarta jajaran Dinas Pertanian Dan Badan Ketahanan Pangan, kepareng nyemak lan ngepyakaken gudang cadangan pangan, dhateng Padhukuhan Jetis, Kelurahan Patalan, Jetis, Bantul. Rawuhipun Sultan dipun sugata gejog lesung, Kelompok Wanita Tani Patalan sarta beksan gambyong.

Salebeting pambagyanipun, Gubernur ngajab supados petani ingkang dados warganing Gapoktan tumemen nanjakaken gudang cadangan pangan kasebat. Gudang ingkang dipun bangun kanthi ngecakaken anggaran saking pemerintah pusat gunggung Rp 50 yuta menawi dipun ginakaken kanthi sae, badhe saged ngindhakaken karaharjan petani ing tlatah Patalan. Kajawi punika, menawi ketahanan pangan dhateng saben wewengkon mindhak badhe mahanani tumrap stabilitas sosial lan politik.

Wondene Kepala Badan Ketahanan Pangan Diy, Arofa Noor Indriyani nduwa menawi ngantos samangke gudang cadangan pangan boten wonten pigunanipun lan kathah ingkang suwung nanging gudang cadangan pangan yektinipun migunani tumrap petani, mliginipun nalika pinuju mangsa panen raya. Padatan Bulog kewalahan numbasi asil panen petani pramila kathah tengkulak ingkang numbasi gabah kanthi regi mirah. Dhateng gudang cadangan pangan pengelola badhe dipun sukani redana anggaran saking pemerintah kangge numbasi asil panen petani kanthi pengaos ingkang dipun cundhukaken kaliyan Harga Pokok Pemerintah. Kanthi makaten menawi dipun ginakaken kanthi sakmesthinipun, gudang cadangan pangan bebatheni tumrap petani.

(Anang Zainuddin)

Artikel Terkait

Gerakan Cintai Hutan

18 November 2015 20:10

Aksi Bersih Kali

18 November 2015 20:08