Kreta Kyai Manik Koemolo Badhe Dipun Dandosi

Admin | Kamis, 10 Desember 2015 19:00

Bantul, www.jogjatv.tv Kreta kencana Kyai Manik Koemolo ingkang badhe kangge kirab jumenengan KGPAA Pakualam X samangke badhe dipun dandosi dhateng bingkil kreta kraton Patalan, Jetis, Bantul.

Kreta kasebat sampun wonten griyanipun bingkil kreta Jiyono wiwit dinten Selasa (8/12). Jalaran kreta kasebat inggih kreta pusaka pramila saderengipun miwiti ndandosi, malem Jemuwah (10/12), Jiyono nindakaken upacara wilujengan langkung rumiyin.

Sinaosa dereng mangertos pabrik pundi ingkang damel Kyai Manik Koemolo nanging Jiyono gadhah pandugi kreta kencana kasebat damelan Inggris, katitik saking perangan per kreta ingkang wonten seratanipun London. Betahaken wekdal sawetawis dangu kangge dandosi kreta kasebat awit sangandhap kursi kreta kropos. Ewa semanten Jiyono nanggel, anggenipun ndandosi kreta kencana saged rampung saderengipun jumenengan KGPAA Pakualam X.

( Anang Zainuddin )

Artikel Terkait