Dana Revitaslisasi Peken Tradisional Wurung Dipun Dumaken

Admin | Kamis, 10 Desember 2015 18:59

Boyolali, www.jogjatv.tv Redana bantuwan saking Kementrian Koperasi dan UKM kangge lampah revitaslisasi peken tradisional ing tawangsari , Kecamatan Teras, Boyolali, Jawa Tengah wurung dipun pasrahaken.

Bab wau dipun andharaken dening anggota DPR RI Komisi VI , Endang Srikarti Handayani nalika inspeksi mendadak dhateng Dinas Koperasi dan UKM Boyolali Jawa Tengah. Salebeting sidak, Endang mrayogekaken supados Dinas Koperasi Provinsi Jateng sarta pejabat saking Kementrian Koperasi dan UKM, tumuli ngrembag perkawis pungkasan taun anggaran awit dereng wontenipun surat pengalihan rekomendasi penyaluran dana bantuan revitalisasi peken Desa Madu, Kecamatan Mojosongo dhateng Peken Desa Tawangsari Kecamatan Teras. Miturut Endang redana saking Kementrian Koperasi dan UKM gunggung Rp 900 yuta wurung dipun dumaken lan badhe dipun wangsulaken dhateng kas negara, jalaran kasep-kasepipun nampi berkas dinten Jemuwah 11 Desember 2015. Miturut pandugi, bab wau awit pangaribawa politisasi dungkap pilkada kalawingi.

Wondene Kepala Dinas Koperasi dan UMKM Boyolali, Agus Partono ngantos paripurnaning pepanggihan boten purun ngedalaken surat pengalihan bantuan, kanthi pawadan awit Desa Tawangsari dereng jangkepi persyaratan kangge nampi bantuwan kasebat.

Kades Tawangsari , Yayuk Tutik Supriyanti , nglenggana dereng jangkepi persyaratan, lan legawa menawi dana bantuan revitaslisasi Peken Desa Tawangsari wurung dipun pasrahaken. ( Haryadi )

Artikel Terkait

TPS 30, Tps Ala Pejuwang

09 Desember 2015 18:55

Regi Jagung Mindhak

09 Desember 2015 18:53

Pesta Demokrasi Cara Warga Sulang

09 Desember 2015 18:52