Jalan sehat hab kemenag

Admin | Kamis, 17 Desember 2015 18:04

Klaten, www.jogjatv.tv Ewonan guru , siswa sarta jajaran kemenag klaten , tumut jalan sehat ingkang dipun gelar dening kementrian agama kabupaten klaten salebeting rerangken pengetan hari amal bakthi kemenag ingkang kaping 70, taun 2016. Hari amal bakthi dados kalodhangan kangge silaturahmi sarta nggatra kamanunggalan kulawarga ageng depag , ngiras kangge ngindakaken ladosan tumrap masyarakat.

Jalan sehat rerangken hari amal bakthi kementrian agama kabupaten klaten , dipun gelar ing pelataran gor gelarsena klaten , dinten kemis enjing. Jalan sehat dipun estreni dening kepala sekolah , guru , karyawan sarta siswa madrasah ibtidaiyah, madrasah tsanawiyah , madrasah aliyah, sarta jajaran kemenag klaten. Kepala kantor kemenag kabupaten klaten , mustari , mratelakaken kangge mahargya hari amal bakti kemenag ri tataran kabupaten klaten , dipun gelar maneka kridha antawisipun jalan sehat, tetandhingan badminton, sarta tetandhingan voli ibu-ibu dharma wanita kemenag klaten.

Salebeting hab kemenag tangal 2 januari 2016 benjing, badhe dipun gelar malam renungan , kanthi tadarus al qur’an 30 juz , dene upacara hab kemenag dipun gelar ing alun-alun klaten. Hari amal bakthi kemenag kaajab dados sarana silaturahmi lan kamanungglan kulawarga ageng depag , serta ngindakaken ladosan tumrap masyarakat.

( Haryadi )

Artikel Terkait

FKUB Kupiya Njagi Kerukunan

17 Desember 2015 18:02

7.297 rumah tidak layak huni

17 Desember 2015 17:59