Gladhen Sesorah Lan Ngadi Busana Jawi

Admin | Rabu, 02 Desember 2015 19:47

Sleman, www.jogja tv.tv wiwit tumapak wulan November , seminggu sepisan tokoh masyarakat Desa Sendangmulyo, Kecamatan Minggir, Sleman,gladhen sesorah lan ngadi busana jawi . Salebeting kalodhangan kasebat pasarta dipun sukani seserepan lan praktek sesorah sarta tatacara ngadi antawisipun miru sinjang, ngagem sinjang, ngangem dhuwung, surjan lan blangkon .

Miturut Ketua Desa Budaya Sendangmulyo, Jemirin, dening Pemerintah Daerah DIY, desa sendangmulyo sampun dipun kepyakaken minangka desa budaya awit saking punika, gladhen sesorah lan ngadi busana tradisional kangge njurung masyarakat supados handarbeni kagunan budaya wewengkon mliginipun sesorah lan ngadi busana ingkang trep

Kades Sendangmulyo, Sukapsir nyengkuyung kupiyanipun pengelola Desa Wisata Budaya Sendangmulyo salebeting ngleluri kagunan budaya pramila pemerintah desa nyawisaken redana kangge pengelolaan Desa Wisata Sendangmulyo. (Subardi)

Artikel Terkait

Tradisi Jolenan

02 Desember 2015 19:46

Sosialisasi Bebaya Aids

02 Desember 2015 19:44

WTT Hadang Tim Pengukur Lahan Bandara

02 Desember 2015 18:51

UGM Bantu Perawatan Taman Amarilis

02 Desember 2015 18:47