Wayang Bocor Nglipur Warga Huntap Dongkelsari

Admin | Selasa, 01 Desember 2015 18:44

Sleman, www.jogjatv.tv Seni ringgit tetela samangke saya ngrembaka kanthi maneka corakipun. Sinaosa makaten ancasipun inggih sami kangge memetri seni ringgit amrih dipun remeni malih dening kalangan wiranem.

Ringgit tiyang, ringgit wacucal utawi wayang suket, mbok bilih sampun asring dipun prangguli. Samangke wonten malih ringgit gagrag enggal, inggih punika wayang bocor, riptanipun sawetawis seniman wiranem saking maneka latar seni. Wayang bocor inggih karya pertunjukan kanthi gagasan dasar saking karakter-karakter visual Eko Nugroho. Karakter kasebat dipun wujudi salebeting ringgit wacucal ingkang dipun pendhet bayanganipun. Wayang bocor boten sawetahipun dipun gelar kanthi tradisional, awit pagelaran kasebat ugi dipun sengkuyung para musisi lan musik modern, tata lampu panggung, lan ugi wontenipun paraga sesarengan kaliyan visual wayang. Kejawi punika, pagelaran samangke ugi sengaja wonten kebocoran-kebocoran saking maneka perangan. Dene lampahanipun inggih methik cariyos lelampahan padintenan ing tengahing masyarakat, ingkang asring luput kamot salebeting narasi-narasi ageng.

Dhukuh Gungan Wukirsari Cangkringan Totok Hartanto mratelakaken, pagelaran wayang bocor ing huntap dongkelsari punika dados satunggaling tontonan enggal lan narik kawigatosan. Cariyos ingkang dipun gelar ugi ngajak masyarakat menggalih sesarengan maneka kedadosan lan perkawis ing tengahing masyarakat piyambak. ( Heri Susanto )

Artikel Terkait

Tari Sekar Setaman

01 Desember 2015 18:43

Sleman Siyaga Ngadhepi Mea

01 Desember 2015 18:42

Sendratari Dumadining Kwagon

01 Desember 2015 18:41