Veteran Nampi Bantuwan

Admin | Sabtu, 14 November 2015 14:52

Gunungkidul, www.jogjatv.tv—Sugeng Hadisuyatno inggih veteran ingkang rikala semanten dados anggota Pembela Tanah Air (PETA). Ngantos samangke Sugeng mapan dhateng satunggaling griya ingkang kirang murwat. Awit saking punika, Kodim 0730 Gunungkidul ngadani kridha bedah rumah sarta suka bantuwan sembako kangge nyekapi kabetahan padintenanipun. Sugeng boten nate pikantuk bantuwan saking pemerintah awit dereng mlebet data administrasi veteran pramila salebeting pengetan Hari Pahlawan samangke Kodim 0730, paring kawigatosan dhateng sesangganipun.

Sugeng ngaturaken maturnuwun dhateng pehak Kodim ingkang sampun suka pambiyantu. Sugeng ugi njlentrehaken nalika dados anggota PETA pangkatipun Gyuhei lan sasampunipun PETA bubar taun 1945, Sugeng lajeng dados anggota Batalyon 10. Nalika dados anggota PETA , griyanipun nate dipun besem dening Walandi kepara badanipun nate kenging mortir gas.

(Anjar Ardityo)

Artikel Terkait