Yogyakarta, DIY www.jogjatv.tv Warganing Komunitas SenimanKampung saking kabupaten lan kotaing DIY, malem Jemuwah (5/11) kalawingi, ngregengaken Festival Kampung, ingkang dipun adani dening Kampung Sorosutan, Umbulharjo,Kota Yogyakarta. Salebeting kalodhangan kasebat, Kampung Sorosutan dipun dhapuk dados Kampung Tradisi Dan Budaya.
Festival Kampung ingkang dipun sengkuyung deningKomunitas SenimanKampung saking 4 kabupatenlan kota ing DIY, dipun gelar malem Jemuwah (5/11) kalawingi, mapan ing Kampung Sorosutan, Umbulharjo, Kota Yogakarta.Kejawi dipun sengkuyung dening warga,kridha kasebat ugi dipun sengkuyung dening pelaku seni, sawetawis pejabat Pemda DIYsartaPemerintah KotaYogyakarta.Pagelaran kapurwakan seni gejog lesung sarta maos ikrarpengawal 100 tahun kemerdekaan RI dening para mudha saking 5kampunging DIY, ingkang greget ngleluri kagunan budaya sarta ngawal Keistimewaan DIY kalebet njagi kampung supados kalis saking peredaran miras, narkoba lan penyakit masyarakat. Festival Kampung ugi dados kalodhangan kangge ndhapuk Kampung Sorosutanminangka Kampung Tradisi Dan Budaya, kanthi napak asmani prasasti dening GKR Mangkubumi. Salebeting festival kampung ugi dipun kepyakaken Batik Sidokabul, batik tuliswohing pakaryan salah satunggaling warga Sorosutan.Kepyakan bathik dipun regengaken kirab bregadasarta masrahaken Bathik Sidokabul dhateng GKR Mangkubumi. Walikota Yogyakarta, Haryadi Suyuti rumaos mongkog awit Kampung Sorosutan dipun dhapuk sepisanan salebeting Festival Kampung dados Kampung Tradisi Dan Budaya.Miturut Haryadi, rikala semanten Kampung Sorosutan inggih salah satunggaling kampung ingkang nglairaken senimanlan penyair. GKR Mangkubumi nyengkuyung gumelaring Festival Kampung lan ngajab sedaya warga memetri lan ngleluri lampah adat lan budaya luhur, amrih lestarining kagunan budaya adiluhung.
Festival Kampung punikainggih wujud pikukuhan kampung minangka papan gumelaring tradisi lan budaya keistimewaan DIY.Boten namung Sorosutan, kanthi gentosan ugi badhe dipun kukuhaken Kampung Tradisi Dan Budaya dhateng 4 kabupaten ing DIY.Kampung ingkang kapiji, inggih kampung ingkang gayut kaliyan sejarah.
Hari Atmaja