SISWASMK NYENGKUYUNG PROGRAM BELA NEGARA

Admin | Rabu, 28 Oktober 2015 18:54

Purworejo, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Para siswa SMK PN Purworejo,nelakaken nyengkuyung Program Bela Negara dening Kemenhan RI// Kridha punika inggih kangge nyengkuyung Program Bela Negara minangka wujud daya tangkal keselamatan bangsa.

Ngleresi pengetan Hari Sumpah Pemuda,dinten Rebo (28/10) enjing, para siswa SMK PN Purworejo Jawa Tengah/ nelakaken panyengkuyungipun dhateng Program Bela Negara saking Kementrian Pertahanan RI. Lampahing upacara dipun estreni dening Sekda Purworejo – Tri Handoyo, ormas lan para tamu sedhahan,kanthi inspektur upacara Danlanal Cilacap Kol Laut Suplay Johanes Tambunan.

Pratelan panyengkuyung dhateng Program Belanegara dipun waosaken dening Wiwiek Setyo Waspodo minangka pangarsaning yayasan, kalajengaken napak asmani pernyataan sikap dening inspektur upacara sineksen Sekda Purworejo.

Wiwiek Setyo Waspodo mratelakaken, kejawi para siswa SMK PN, maneka ormas kadosta Banser, FKPPI lan ugi para santri ugi tumut program bela negara.

Para siswa SMK PN patut minangka patuladhan tumrap tlatah sanes mliginipun ing Propinsi Jawa Tengah, ingkang sampun nedahaken greget sumpah pemuda kanthi nyengkuyung Program Bela Negara.

Salebeting kalodhangan punika ugi dipun pitontonaken kaprigelanipun siswa SMK ing babagan beladiri lan kasagedan mandhap saking tingkat tiga kanthi ngginakaken tali. ( Pambudi Nugraha )

Artikel Terkait

PAMERAN KERIS SUMMIT 2015

28 Oktober 2015 18:52

LABUHAN HONDODENTO

28 Oktober 2015 18:51

DEBIT IRIGASI SUSUT

28 Oktober 2015 18:49