Siswa Priksa THT

Admin | Senin, 14 Desember 2015 19:04

Klaten, www.jogjatv.tv Kangge njurung prestasi siswa, para siswa ing sma negeri 1 klaten tumut priksan tht ingkang dipun adani ajeg ing sekolahan. Kanthi priksan punika kaajab siswa saged mangertosi lan tumuli ngawekani menawi wonten gangguan kasarasan tumrap netra lan talingan.

Mbaka setunggal para siswa sma negeri 1 klaten dipun priksa dening petugas medis saking cakra husada klaten. Kejawi cek tensi, para siswa ugi dipun priksa ing perangan talingan, grana, netra, paru-paru lan ugi jantung. Kangge tes netra dipun tindakaken maos aksara kanthi let tebih mirunggan. Bab punika kangge nitik wontenipun gangguan netra punapa boten. Miturut wakasek kesiswaan sma negeri 1 klaten, aris sutaka, kridha priksan lelahanan punika kangge njurung prestasi siswa.

Saking asil priksan, leny rahmawati mratelakaken, racak paru paru lan jantung normal. Wondene kangge talingan wonten sawetawis siswa ingkang talinganipun kedah dipun resiki.

Sawetawis cara kangge njagi kasarasan netra antawisipun, priksa kanthi ajeg, tekanan darah asring dipun cek, olahraga kanthi ajeg, boten ses, boten maos kanthi tileman, lan nalika maos prayogi migatosaken jarak baca.

( Sri Haryadi )

Artikel Terkait

Pertukaran Kepala Sekolah

14 Desember 2015 19:03

Pendonor Darah Racak Kalangan Wiranem

14 Desember 2015 19:02

Ekonomi kreatif olahan pisang uter

14 Desember 2015 19:00