Penyandang Disabilitas Betah Kawigatosan

Admin | Kamis, 07 April 2016 19:52

Klaten, www.jogjatv.tv Hari Kesehatan Dunia, dipun pengeti saben tanggal 7 April. Salebeting pengetan Hari Kesehatan samangke, tetela taksih wonten puluhan penyandang disabilitas ing Klaten Jawa Tengah, ingkang mbetahaken kawigatosan saking pemerintah kadosta Supriyadi, ingkang nandhang cacat, jalaran tumempuhing lindhu ageng, taun 2006 kapengker samangke Supriyadi, dados Ketua Perkumpulan Difabel ing Klaten, Jawa Tengah inggih punika Spinal Cord Injury (SCI) ingkang dumunung ing Desa Pandes, Kecamatan Wedi, Klaten Jawa Tengah. Miturut Supriyadi, SCI inggih wadah tumrap para difabel, ingkang saperangan warganipun korban lindhu ageng 10 taun kapengker, dene cacahipun tiyang 60. Ngantos samangke para penyandang disabiltas kasebat, taksih nandhang tatu Dicobitus jalaran linggih kedangon lan kangelan kangge ebah. Salebeting pengetan Hari Kesehatan samangke, para penyandang disabilitas betahaken kawigatosan mirunggan saking pemerintah. Sinaosa nampi jaminan kesehatan, BPJS nanging boten saged kesahan awit namung sawetawis ingkang gadhah kendaraan modifikasi.

Salebeting pengetan Hari Kesehatan Sedunia samangke, salah satunggaling rumah sakit ing Klaten, ngajak maneka pehak supados migatosaken para penyandang disabilitas awit para penyandang disabilitas kasebat yektinipun greget makarya nanging kapepalang ngayahi pakaryan padintenan pramila kathah ingkang kecalan pakaryan.(Haryadi )

Artikel Terkait