Pentas Pendapan Ndalem Pujokusuman

Admin | Senin, 28 September 2015 19:29

Yogyakarta, www.jogjatv.tv Kanthi ancas kangge ndayakaken ndalem ing wewengkon Kota Yogyakarta, Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta, grengseng nindakaken program pentas pendhapan. Kridha kasebat dipun regengaken pagelaran tari saking sawetawis sanggar ing Kota Yogyakarta.

Sawetawis taun pungkasan, pendhapi sawetawis ndalem ing wewengkon Kota Yogyakarta, sepen. Supados pendhapi regeng malih, Disparbud Kota, grengseng nindakaken program pentas pendapan, kadosta ing Ndalem Pujokusuman. Salebeting kalodhangan kasebat, dipun adani pagelaran Tari Klana Topeng , Beksan Menak sarta pethilan ringgit tiyang Shinta Obong, malem Senen (27/9) kalawingi. Pagelaran beksan klasik kasebat, mengku ancas kangge narik kawigatosan wisatawan domestik punapa dene wisatawan ngamanca.

Budi Santoso, Kabid ODTW Disparbud Kota Yogyakarta ugi mratelakaken, pendhapi ingkang ing jaman kapengker, dados teleng pagelaran tari , samangke awis-awis dipun ginakaken kangge nggelar kridha seni lan budaya. Budi ugi ngajab supados masyarakat ing sakiwa tengen pendhapi ndalem tlatah Ngayogyakarta, nanjakaken pendhapi kangge gladhen beksan, amrih lestarining kagunan seni lan budaya , ingkang sampun mbalung sungsum ing madyaning masyarakat. (Heri Susanto)

Artikel Terkait

Gelar Budaya Soran

28 September 2015 19:28

Bhakti Sosial Pengetan Hari TNI

28 September 2015 19:26

Winarni Bukan Korban Tragedi Mina

26 September 2015 15:20