Pemkab Nanggel LPG Cekap

Admin | Selasa, 15 Desember 2015 19:29

Sleman, www.jogjatv.tv Kados taun-taun kapengker, sadanguning libur natal lan warsa enggal, kabetahan gas LPG ing Sleman tikel.

Miturut Kepala Bidang Energi Dan Sumber Daya Mineral, Dinas Sumber Daya Air Energi Dan Mineral Kabupaten Sleman, Fauzan Darmadi, padatan pasokan gas lpg 3 kilogram saking Pertamina dhateng Sleman 29 ewu tabung saben dinten dene dungkap Natal lan warsa enggal, pasokan dipun tambah 12 persen, pramila mindhak dados 32 ewu tabung saben dinten. Kajawi punika, Pertamina ugi ndhapuk Satgas khusus kangge nyemak peredaran gas LPG ing Sleman. Menawi tambahan kasebat taksih kirang pramila Satgas badhe nambah pasokan malih utawi nindakaken operasi pasar. Kanthi makaten, Pemkab Sleman nanggel, sadanguning Natal lan warsa enggal, gas LPG boten langka.

Sinaosa pasokan gas LPG 3 kilogram ing Sleman aman nanging Fauzan ngajab supados para pengusaha sarta warga ingkang kacekapan, ngginakaken gas LPG 12 kilogram supados warga miskin boten kangelan pados gas LPG 3 kilogram.

( Subardi )

Artikel Terkait