Nggayuh Katentreman Lumantar Bagavadgita

Admin | Senin, 23 November 2015 19:45

Sleman, www.jogjatv.tv Atusan Umat Hindu ing Klaten Jawa Tengah lan DIY , nindakaken Darmawacana, dipun pandegani dening Rasa Acarya Praburaja Darmayasa , mendhet irah-irahan Menuju Hidup Damai Melalui Mantram Gayatri Dan Bagavadgita mapan ing pelataran Candi Barong, Prambanan, Sleman.

Darmawacana kapurwakan upacara Puja Bakti kalajengaken maos Sloka Bagawatgita kairing gendhing jawi.

Bhagavadgita inggih kitab ingkang nyariyosaken pirembagan antawisipun Sri Krishna lan Arjuna saderengipun paprangan ing Kurusetra. Kitab kasebat ngemot piwucal utama bab wadining gesang, rinakit salebeting kidung ingkang endah lan mranani, saya laras binarung ungeling gending jawi. Cara maos kidung Bagavadgita saben tlatah beda-beda, cara Bali , Jawi lan India.

Rasa Acarya Praburaja Darmayasa ngajab kanthi maos kitab suci lan nindakaken maneka dhawuhing agama, sageda ngindakaken Srada lan bakti Umat Hindu dhumateng Ida Sang Yang Widi Wasa supados tansah pinaringan pepadang salebeting mecaki gesang. ( Purwanto )

Artikel Terkait