Merti Dhusun Nogosari Regeng

Admin | Selasa, 11 Oktober 2016 08:30

Bantul, www.jogjatv.tv Minangka pratelan raos syukur dhumateng Gusti ingkang hakarya jagat, ngiras kangge memetri kagunan budaya adiluhung, Warga Dhusun Nogosari, Selopamioro, Imogiri, Bantul, nggelar upacara merti dhusun. Maneka kridha dipun gelar sadanguning seminggu dene pucaking upacara dipun regengaken kirab budaya lan kendhurenan ing Sendhang Sari Mulyo.

Pitung gunungan dipun arak dening atusan Warga Dhusun Nogosari, miwiti lampahing kirab budaya merti dhusun ingkang dipun gelar sadanguning seminggu. Kirab mubeng padhukuhan tumuju Sendhang Sari Mulyo, tuk sumber toya ingkang dipun tanjakaken dening Warga Dhusun Nogosari lan sakiwa tengenipun. Maneka gunungan wulu wedaling bumi dipun bekta dhateng sakiwa tengen sendhang salajengipun warga dedonga sesarengan.

Sasampunipun dedonga, warga lajeng kembul bujana. Sekul wuduk lan ingkung ayam dipun dumaken dhateng sedaya warga ingkang tumut upacara merti desa nuli dipun dhahar sesarengan dhateng sakiwa tengen sendhang.Sasampunipun kembul bujana, warga warga rayahan gunungan.

Miturut Dhukuh Nogosari, Sunardi, merti dhusun dipun gelar 5 taun sepisan minangka wujud pratelan syukur awit sih nugraha Gusti ingkang hakarya jagat. (Anang Zainuddin)

Artikel Terkait

Sulam Alis

07 Oktober 2016 09:10

Petani Panen Lombok Panen Gasik

07 Oktober 2016 09:09

Pengetan Hari TNI

07 Oktober 2016 09:04