Disbud DIY Workshop Sejarah Perkembangan Paes Penganten

Admin | Senin, 14 Maret 2016 19:20

Yogyakarta, www.jogjatv.tv Workshop sejarah perkembangan paes gaya Yogyakarta dan upacaranya dipun gelar dhateng pendhapi kantor Dinas Kebudayaan DIY. Kridha ingkang dipun gelar kalih dinten, tanggal 14 lan 15 maret 2016 punika inggih kridha kangge sarana sinau sesarengan babagan upacara panggih pengantin adat Ngayogyakarta tumrap para juru paes penganten, panatacara lan ugi weding organizer . Salebeting kridha kasebat ugi wonten tuladha gangsal paes panganten saking pitu corak paes panganten gagrag Ngayogyakarta, ingkang baku lan asring dipun ginakaken.

Ketua himpunan ahli perias Indonesia Yogyakarta, Lies Adang Praktiknyo, mratelakaken, kridha punika kawawas wigati tumrap para juru paes penganten, panatacara lan wedding organiser, awit asring gesehing pamanggih nalika nindakaken upacara adat panggih penganten, satemah kaajab mangertosi dhateng pakem lan tatacaranipun.

Kepala Bidang Sejarah Bahasa Dan Sastra Disbud DIY, Erlina Hidayati, mratelakaken kridha workshop samangke inggih perangan saking kupiya nyinau lampahing upacara panggih panganten gagrag Ngayogyakarta, mliginipun kangge para juru paes, supados nalika ngayahi pakaryan anut dhateng pepakemipun. Kridha punika kaajab saged suka seserepan ingkang trep lan leres, satemah pakem in gkang sampun wonten tetep dipun gegegi, inggih ing babagan cara maes sarta maneka ubarampe lan salebeting upacara penganten. ( Hari Atmaja )

Artikel Terkait